LINAK LIJO LINGGO LICO:lali anak lali bojo lali tonggo lali konco

on Jumat, 01 Februari 2013
1].akeh bapak lali anak
2].akeh anak wani marang ibu lan nantang marang bapak
3].sedulur podho cidro-cinidro 4
4].wong wadon ilang kawirangane,wong lanang ilang kaprawirane
5].akeh wong lanang ora duwe bojo
6].akeh wong wadon ora setia karo bojone
7].akeh ibu podho ngedol awake
8].akeh ibu ngedol anake
9].akeh wong ijol bojo
10].akeh udan salah mongso
11].akeh rondho ngelahirake anak
12].akeh prawan tuwo
13].akeh jabang bayi goleki bapake
14].wong wadon ngelamar wong lanang
15].wong lanang ngasorake derajate dewe
16].akeh bocah kowar
17].rondho murah regane
18].rondho ajine mung sak sen loro
19].prawan ajine rong sen loro
20].dudho pincang payu sangang wong
==ZAMANE ZAMAN EDAN==
1].wong wadon nunggang jaran
2].wong lanang lungguh plengki
3].wong bener-bener lenger-lenger
4].wong salah bungah-bungah
5].wong apik-apik di tampik
6].wong bejat munggah pangkat
7].akeh ndandang di unekake kuntul
8].wong salah di anggep bener
9].wong lugu ke belenggu
10].wong mulyo di kunjoro
11].sing culiko mulyo sing jujur ajur
12].poro laku dagang akeh sing keplanggrang
13].wong main akeh sing dadi
14].LINAK LIJO LINGGO LICA:lali anak lali bojo lali tonggo lali konco
15].duwit lan kringet mung dadi wolak-walik kertu
16].kertu gedhe di bukak podho guyu pating kakak .
17].yen mulih main kantonge kempes krungu anak lan bojo nangis ora di rewes

0 komentar:

Posting Komentar

Matur Nuwun alias Terima Kasih anda mau ngasih Komentar...
Silahkan Tulis Komentar ... Bebas tapi yang sopan ya... Monggo...... monggo........
KAMI AKAN MENGHAPUS KOMENTAR - KOMENTAR YANG TIDAK PANTAS.......!!!!!

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...