KRISIIS BUDI PEKERTI

on Rabu, 20 April 2011
Krisis budi pakerti   

Amenangi jaman kang sarwa maju ing wektu iki, dadi wongtuwa pancen ya kudu akeh mulad lan waspada. Apa maneh tumrap anak-anak kita sing isih akeh mbutuhake pangawasan lan tuntunan kang luwih raket lan pangati-ati.
Kemajuan lan kecanggihan
teknologi, informasi kang sarwa lugas tanpa panyaring sarwa blak-blakan tanpa tedheng aling-aling, pangaruh sesrawungan kang sarwa bebas tan winates, cara pemikiran kang luwih maju diwasa angluwihi umure banget-banget nguwatiri tumraping anak putu kita ing mengkone. Wawas, wuwus tanpa duga ndadekake babagan kang ora prayoga. Pancen sarwa ewuh aya lan ora gampang dadi wong tuwa mono, sing dadi kewajibane ora mung nggolekake pangan lan ngudi kesarasane anak, nanging ya kudu waspada marang polah tingkah lan sesrawungane anak-anak kita. Manawa kersa mawas lan muwus marang sakehing kadedayan sing kapengker, akeh prastawa kang ditindakake para warga masyarakat kita, kawula mudha lan anak-anak kita kang kudune bisa njaga praja, jaga asma kulawarga lan nggawa ajining dhiri ananging malah nggawe crita nistha.

Mungguhing wong tuwa apa maneh para kanoman lan bocah cilik wis ora ndulu maneh babagan saru. Omongan, muna-muni lan pacelathon kaya-kaya mung anggere ngucap tanpa nggatekake iku tembung kang pantes utawa ora pantes manawa diucapke marang wong liya, utawa marang awake dhewe. Polah tingkah, tandang tanduk kang ora trep mungguhing bocah lanang lan bocah wadon wus babar pisan ora ana kawigaten. Sesrawungan kang tanpa winates utawa kinasthan sesrawungan bebas mungguhing bocah lanang lan wadon wus ora ana bedane.

Apa maneh ing babagan nyandhang pengganggo, ora enom ora tuwa lanang utawa wadon, jan katon yen ora ngugemi saru lan pantese, waton bisa tuku sandhangan wae, bab pantes lan orane, saru lan orane ora digatekake. Waton nganggo sanadyan barang kang kudune saru manawa diweruhi dening liyan malah dikatonake kanti ngegla wela-wela.

Saliyane iku uga ing babagan rerembugan, ukara-ukara lan tembung-tembung kang saru ya dadi lumrah diucapake ana ing sesrawungan, embuh iku wong tuwa, kanoman, utawa bocah-bocah cilik. “Basa planet” (rusuh, misuh lan sakpanunggalane) wis dadi basa kang lumrah diucapake.

Wadi datan diugemi

Tumraping babagan kang kudune disimpen rapet aja nganti diweruhi utawa konangan dening liyan, ing wektu saiki uga wus dadi lumrah dadi konsumsi publik. Ora ana sing diarani rahasia, wadi ngisin-isini lan gawe wirang. Manawa kadenangan lan diweruhi liyan. Biwarake utawa nyebarake aibe liyan utawa aibe dhewe wis dadi bab kang lumrah. Nuding lan ngurek-urek kekurangan lan eleking liyan wis dadi bab kang ngetrend ing jaman saiki.

Tanpa nggraita manawa nudingi wong liya iku ora mung liyan kang kawiyak alane, ananging awake dhewe luwih gedhe kawiyak kanisthane. Nggrayangi alaning liyan ananging ing githoke dhewe akeh boroke babar pisan ora dielingi.

Ora sethithik tumindhak nistha kang tuhu nerak ing kasusilan ditindakake lan dibiwarakake sarana media (TV, HP, Internet, majalah, koran, lan sapanunggalane).

Prastawa lan tumindak kang nistha kang nerak ing kasusilan dadi konsumsi lan tuladha nyata gampang ditonton dening bocah-bocah cilik saiki. Apa maneh bocah-bocah cilik saiki wis padha dicekeli HP (tilpun genggam) kang canggih, dadi gambar-gambar kang ora nggenah bisa ditonton saka kana. Tundhone bocah-bocah kang durung gaduk duga kiranya padha nirokake utawa melu-melu nindakake prastawa kang nrajang kasusilan kuwi mau, rumangsa ana conto lan tuladhane.

Mungguhing cakcakan unggah-ungguh, sopan santun kang awujud tata krama ana ing sesrawungan katon banget yen wus wiwit ora dipersudi temenan. Cara muna-muni, tandang tanduk marang liyan wus ora ngenggoni tatanan kang manut marang unggah-ungguhing basa. Kepriye yen matur utawa tumindak marang wong tuwa (wong kang luwih dhuwur drajat lan pangkate, sing dituwakake lan sapanunggalane), marang sesama lan uga marang kang sangandhape wis ora ana bedane.

Pancen ya ora gampang urip ing jaman kang sarwa semrawut iki, yen melu ilining banyu kang salah alur saya dadi bubrah, nanging yen ra melu ateges nerak ing alur. Sanadyan ngana perlu dielingi sak begja-begjane wong kang nindakake culika lan pakaryan nistha isih ana kabegjane wong kang taksih eling lan ngati-ati ing samubarang karya, yen ora ing donya ya kanggo pangayem-ayem ing akherat samengkone. Mulane ayo pada sayuk rukun, cancut taliwanda saiyek saeka praya kawiwitan saka para wong tuwa, rakyat (masarakat) pemerintah lan sadaya warga bebarengan ndandani sakabehing kahanan kang saya bubrah iki.

Kabeh kudu bisa gotong royong anyengkuyung murih bisa mbudidaya marang pangawasan, panyuluhan uga panggulawentah murih anak putu kita bisa nglarasake kemajuan jaman marang kabudayan bangsa. Ora mung niru-niru kabudayan kang durung mesthi bener lan trep marang kabudayane bangsa kita.

5 komentar:

Anonim mengatakan...

sing tuwo kudu biso dadi conto tumindak'e....
wkwkwkkwkwkwkwkkkwk.......
lanjut..!!!!!

tiyo.. mengatakan...

siipppppppppppppppp....
lagi dong...........

pangeran GANTENG... mengatakan...

SAE MAS,,,,,,,,
TP AKU RODO SUSAH MOCO BOSO JOWO......
GAK POPO LATIHAN BOSO JOWO BEN GAK LALI.....

Unknown mengatakan...

@Anonim : Jenengmu sopo ....?
@Tiyo : opone sing meneh...
@Pangeran : ho...o tp kwe kok Narsismen to... wkwkwkwkwkkwk.. piz...................

santri..... mengatakan...

nek sing TUWO ORA ISO DADI TELADAN njur kepiye....
JAHILIYAH>>>>>>>>

Posting Komentar

Matur Nuwun alias Terima Kasih anda mau ngasih Komentar...
Silahkan Tulis Komentar ... Bebas tapi yang sopan ya... Monggo...... monggo........
KAMI AKAN MENGHAPUS KOMENTAR - KOMENTAR YANG TIDAK PANTAS.......!!!!!

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...